Ora Bersyukur
Jenengku Nur
Hidayanti.Wong tuwaku njenengake Nur Hidayanti kuwi supaya aku tansah entuk
panyinaran hidayah saka Gusti Allah.Undang-undanganku Yanti.Umurku 17 taun,
kelas XI ing sawijining SMA Arep dakceritakake nalika aku isih sekolah SMP
kelas VIII biyen.
Nalika aku SMP
aku sempet mikir.Kenapa Gusti Allah ora adil marang aku? Aku diciptakake duwe
kekurangan lan kelebihan.Aku iya tau meri marang Asti, kanca sakelasku sing
pinter main volley tur anake wong sugih.Nanging, piye maneh aku ora duwe bakat
olahraga apa wae.
Aku uga meri
marang kanca-kanca wadon sekelasku.Kabeh pada duwe Komputer jinjing utawa
Laptop.Saben bocah merk Laptope kuwi beda-beda, jarang yen ana sing pada paling
iya siji loro bacah sing merk Laptope pada.Yen ana tugas saka Bapak utawa Ibu
guruku sing kudu ngetik, aku mlayu menyang warnet utawa tak manfaatake
Komputer-komputer sing ana ing Laboratorium Komputer ing sekolahanku.Ora Laptop wae sing lagi ngetrend ing kelasku, HP uga ngetrend
pisan.Kanca-kancaku pada duwe HP sing LCDne isa di geser ngandi-andi utawa
touch screen.HPne kanca-kancaku kuwi pada larang-larang lan apik-apik.Regane
mulai 1 yuta mandhuwur.Aku uga duwe HP, tapi HPku iku kagolong HP biasa jaman
lawas.Aku uga kepingin HP sing anduweni fiture sing lengkap lan kena
disambungake marang internet.Sejatine, aku mung anake wong ora duwe.Isa mangan
lan bisa sekolah wae wis luwih teka cukup.
Aku iya sempet
ngerasakake minder utawa ora percaya diri jalaran penampilanku kuwi biasa-biasa
ora kaya kanca-kanca wadonku sing liyane.Kanca-kancaku, yen tas wis oleh telung
wulan ndang cepet-cepet ganti tas anyar.Tapi, tasku wis oleh setaun ora jaluk
ganti marang wong tuwaku.Tasku uga akeh jaitane.Aku uga ora duwe klambi-klambi
sing apik-apik.Klambiku iku rata-rata diwenehi tanggaku sing jenenge mbak
Indah.
Aku mulai sadar
yen aku duwe kalebihan wektu sewiji dina
aku mulih sekolah.Aku mlayu menyang kamarku lan ing kono ana saklembar kertas
kosong.Aku eling yen wektu aku ndelok internet ing sekolah mau isuk ana Lomba Cerpen
Remaja se-Kabupaten kang hadiahe trophy lan duwit Rp 1.000.00,00, gawe Juara 2 Rp 750.000,00,
gawe Juara 3 Rp 500.000,00 lan uga entuk pembinaan saka Pembina teka SMP Bakti
Oetomo Jakarta.Hadiah sing ditawanake uga marai aku seneng lan kepingin melu
partisipasi ing lomba kuwi.Aku iseng nulis cerpen gawe melu Lomba
kasebut.Akhire, rong dina gawe cerpen kasil cerpen karanganku dewe sing kajudul
‘’Mimpi’’.Cerpen kuwi dakgawe s isine kuwi ana bocah sing jenenge April sing
anduweni mimpi dhuwur lan kepingin nggayuh mimpi sing duwur kasebut tapi ora
isa jalaran ora ana bandane.Lan sesuk e ing sekolah, aku jaluk tolong gaweno
E-mail utawa surat elektronik marang kancaku.Maklum, aku iki bocah Gaptek utawa
gagap teknologi.Sawise mari gawe alamat E-mail sing dak pengeni, banjur tak
kirimno marang alamat e-mail panggonan Lomba nulis cerpen dianakake kuwi.Kurang
luwih seminggu aku ngenteni pengumuman pemenang lomba kuwi, akhire ing dina
minggu aku disms kancaku yen aku dadi juara 3 Lomba nulis cerpen remaja tingkat
Kabupaten kuwi.Aku kaget, seneng tur bangga amarga aku dadi pemenang ing lomba
kasebut.Banjur dak kandakake marang ibu lan bapak yen ak berhasil menang ing
lomba kuwi.Wong tuwaku bangga marang aku.Aku seneng banget yen ngerti tanggepan
wong tuwaku positif lan ngedukung hobi anyarku kuwi.
Saka lomba kuwi, aku entuk duwit Rp 500.000,00.Aku seneng
amarga saka hobi anyarku nulis mau, aku isa ngasilake duwit kanggo mbayari
sekolahku lan uga gawe keperluan liyane.
Sakjege peristiwa
kuwi, aku dadi seneng banget karo nulis.Saben dina, yen ana waktu kosong, aku
mesti nulis cerpen.Sekolahanku kuwi ngerti hobi anyarku kuwi.Akhire, banjur aku
dimelukake lomba-lomba nulis cerpen nganti tingkat Nasional.Ing omahku, akeh
piala pemenang lomba-lomba nulis cerpen.Piala pertama sing dakoleh wektu lomba
nulis cerpen remaja kuwi dakseleh ing kamar.Akhire, yen aku wis mlebu SMA, aku
bakal milih jurusan Bahasa.Alasanku arep milih
jurusan kuwi amarga aku kepingin nekuni bidang Bahasa khusus e
nulis.Saka hobi nulisku iki, aku duwene cita’’ dadi guru Bahasa Indonesia utawa
penulis cerpen utawa novel terkenal sok mben.Aku bangga marang awakku dewe.Aku
isa mbuktina marang wong liya, yen kemiskinan ora penghalang gawe nggayuh mimpi
kang dhuwur.






0 komentar:
Posting Komentar